Pages

Tuesday, May 27, 2014

Sinau Basa Jawa : Silahing Ukara

SILAH-SILAHING UKARA
Silah-silahing ukara sing perlu diweruhi ana 6 warna :
1. Ukara Kandha( Kalimat Langsung )
Tuladha( Contoh ) :
-" kowe kudu sing sregep sinau " dhawuhe ibu.
- Bapak ngendika,"Sesuk aku menyang Surabaya."

2. Ukara Crita ( Kalimat tak Langsung)
Tuladha :
- Ngendikane ibu, yen sregep sinau mesthi pinter.
- Kancaku takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.

3. Ukara Tindak ( Kalimat Aktif )
Tuladha :
- Adhiku ngunduh pelem
- Ibu mundhut jajan kanggo adhik

4. Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)
Tuladha :
- Rotine dipangan adhik.
- Klambine dikrikiti tikus

5. Ukara Pakon ( Kalimat Perintah)
Tuladha :
- Balekna sepedha iki menyang omahe paklik
- Jupukna bukuku ing nduwur meja kuwi

6. Ukara Panjaluk ( Kalimat Permohonan)
Tuladha :
- Tulung aku penekna pelem kuwi
- Coba kowe mreneya dak kandhani.

Matur Nuwun

0 comments:

Post a Comment

Silakan Komentar dengan Bijak dan Santun