Pages

PRAKTIKUM DASAR ILMU TANAH

Selamat datang di Imamarifind Blog.Now replace these sentences with your own descriptions.

PRAKTIKUM SOSIOLOGI PEDESAAN

Selamat Datang di Imamarifind Blog.

PADAS 1 2017

Selamat Datang di Imamarifind Blog .

KP3K PADAS 2 2018

Selamat Datang di Imamarifind Blog.

Friday, December 26, 2014

SEKAR LAN SARI



Ing jaman biyen, ing desa kang adoh banget saka suasana kutha, urip seperangan garwa bojo sing miskin banget. Piyambakenipun nduweni anak perawan loro kang ayu banget. Anake dijenengi Sekar Tini utawa kang biasa di celuk Sekarlan Murti Sari utawa kang biasa diceluk Sari. Ramanipun Sekar lan Sari utawa Pak Mismo jenengane makarya dados buruh ing salah salah satunggalingpun perusahaan cilik-cilikan ing wilayah umahe. Sawentara Ibune utawa kang biasa diceluk Mbok Muni mung makarya dados pedagang tape keliling desa. Penghasilanipun keluarga niki adoh banget sekang tembung cukup utawa mung bisa go kebutuhan mangan thok. Ditambah maning ramanenipun sering gerah, amarga kekeselan makarya teng perusahaan niku. Dados ramanenipun saiki jarang banget makarya teng panggonan kang biasa dienggo kangge makarya niku.
Sekar lan Sari nduweni watak kang beda banget lan bertolak banget. Sekar niku gadis utawa prawan kang sederhana kang nduweni watak kang sopan, santun, tekun, sregep, jujur lan apik utawi becik manahe. Sebalikenipun Sari nduweni watak malesan, sombong, utawi mamer, seneng mewahan, tamak, lan dengkian. Kabeh pekerjaan umah dikerjakna Sekar piyambak. Sekang nyuci utawi ngumbahi, masak, goleti budin, bersih-bersih umah, gawe tepe, lan dodol tape. Sawentara Sari mung dandan lan males-malesan neng kamar utawi teng umah. Yen Sari mbutuhna keperluan, dheweke mung prentahi Sekar. Nanging Sekar mboten ngeluh utawi nesu marang sedulur wadone niku.
Ing salah satunggaling dinten, nalika Sekar lan mbokenipun saweg ngedolake tape. Sekar lan mboke dumadakan padha ketemu pak bupati lan putranipun teng tengah dalan. Prayatane pak bupati niku saweg golet gadis utawi perawan kang bakal dados garwanipun putrane. Putranipun Pak Bupati jenenge Bagas. Nalika ing wayah niku, dumadakan nimbul raos tresna antarane Sekar lan Bagas. Prayatane pak bupatinipun ngertosi yen Bagas nyenengi Sekar lan Sekar uga nyenengi Bagas. Pak Bupati banjur nyuwun Mboke Sekar kangge ngantarake piyambake lan putrane teng umahe Sekar. Mboten nunggu ingkang suwe, Mboke Sekar ngantarake pak bupati lan putrane menyang griyane piyambak. Sesampune butul ngumah, pak bupati banjur ngomong tujuwanenipun rawuh mriki amarga badhe nyuwun Sekar dados garwane Bagas. Nanging Mboke Sekar nglimpahake kabehan keputusan menyang Sekar. Sekar nyuwun marang Bagas wektu kangge njawab pitakon niku. Akhire Pak Bupati lan Bagas setuju lan badhe tindak mriki malih minggu ngenjang. Sesampune niku pak bupati lan  Bagas banjur wangsul menyang kabupaten. Sesampunipun padha wangsul, Sari mboten sengaja ngrunguake omongane pak bupati lan Sari. Manahipun Sari remuk ngrungokake sedulurenipun badhe nikah. Sari banjur lunga adoh banget  saka umah lan mboten ngertos teng pundi piyambaknipun. Sekar lan Mboke njajal goleti Sari kabehing desa, nanging mboten ketemu uga. Banjur Sekar lan mbokenipun nyusul ramane kang saweg makarya teng panggonane. Dumadakan asma ramanipun kambuh, lan banjur digawa bali menyang umah. Sesampunipun mendingan ramanipun nyuwun penjelasane, apa sebabe Sari lunga sekang umah. Mbokenipun banjur nyeritakake sebabe Sari lunga. Sesampunipun ngertosi sebabe Sari lunga, ramanipun banjur ngrencanakake golet Sari. Ramanepun ugah nyerahake kabehan keputusan marang Sekar. Ing wayah esuk, ramanipun goleti Sari ing seluruhipun wilayah kecamatan. Nanging, Sari mboten ketemu uga.
Sebanjure sawentara dinten, pak bupati lan Bagas balik malih menyang griyanipun Sekar kanggo nakokake keputusane Sekar. Lan pranyatane Sekar setuju yen piyambake dados garwane Bagas. Lan Sari uga mutusake pernikahane dilaksanakake minggu ngarep. Setunggalipun minggu terlewatake, dinten kang dianti-anti akhire mulih uga. Pernikahanipun banjur dilaksanakake teng KUA kabupaten lan acara sungkemane dilaksanakake teng griyane pak bupati kang dihadirake pejabat-pejabat kabupaten. Ing dinten niku Sekar resmi dados garwanipun Bagas.
Sesampunipun nikah, Sekar lan Bagas urip kalih tiyang sepuhnipun Bagas teng griyanipun Bagas keuarga. Bagas lan Sekar urip kalih rayinipun Bagas uga. Rayinipun Bagas jenenge Bagus. Bagas niku makarya dados dokter. Bagas makarya dados spesialis saraf teng rumah sakit ing kabupaten kasebut. Sawentara Bagus durung makarya, amarga Bagus esih dados pelajar teng SMA negeri. Pranyatane Bagus mboten nyenengi keberadaanipun Sekar teng umahe. Amargi Sekar saking keluarga kurang mampu utawi miskin lan mungkin saged nurunake martabat keluwargane. Ing salah satunggaling dinten, nalika Sekar saweg masak sarapan. Bagus mereki Sekar lan ngomongake yen dheweke ora nyenengi keberadaanipun ing umah iki. Sekar ngrasa kaget lan bingung apa kang nyebabake Bagus ora nyenengi Sekar. Sekar njajal mbuang perasaan kasebut, lan badhe ngrubah utawi memperbaiki wateke supados lewih becik. Sekar niatkake gawe sarapan kang enak kangge Bagus supados Bagus saged nglalenake ke ora senengane Sekar. Wayah sarapan sampun siap, kabehan masakanipun sampun wonten teng ruang maem. Nalika padha saweg masakanipun, Bagus dumadakan muntahake panganan kang digawe Sekar amargi masakan niku rasane asin banget. Dumadakan Bagus banjur lunga meng sekolahane tanpi ntelasake maeme. Sekar ngrasakake kathah salah menyang Bagus nalika paristiwa kasebut.
Ing wayah sesuk, Bagus nuduh Sekar njukut jam tangane Bagus kang larang  banget regane. Nanging Bagus nuduhe tanpi bukti kang bener-bener jelas. Sekar nyoba njelaskake yen dheweke ora njukut jam tangane kasebut. Nanging Bagus tetep nuduh Sekar sing njukut jam tangane. Kebrisikan utawa keributanipun ing wayah sesuk iki tanpi disengaja dikrungukake Bagas. Sesampunenipun Bagas nakokna Sekar lan Bagus apa kang lagi diributake. Selanjute Bagus nyritakake penyebab kaributan niku, sesampune ngerteni masalahe, Bagas nyuwun marang Bagus supaya ora nuduh Sekar kang njukut jam tangane tanpi bukti kang jelas. Pranyatane jam tangane Bagus ketinggalan neng mobil. Selanjute, Bagus banjur mangkat sekolah tanpa ngrasa bersalah  marang Sekar lan mboten nyuwun panganpura marang Sekar. Sekar njajal sabar lan terus sabar marang kelakuane Bagus. Masalah ana maning, yaiku arta teng rekeninge Bagas entong amarga dienggo daning Bagus kanggo tumbasi barang kang durung dibutuhna. Bagas banjur nesu marang Bagus lan mrentahake Bagus supaya ngaji neng pesantren, supaya Baguse dadi wong sing lewih apik kang bener. Ing dinten selanjute, masalahe ana maning. Masalah siki iku lewih gedhe sekang masalah wau. Pranyatane Bagas dipecat daning rumah sakit amarga mal praktek. Bagas kelangan dhuwit lan kerjaan mung kurang sekang sedina . sekar nyobanyabarake Bagas lan mrentahkake Bagas supaya nyerahna kabehan masalah menyang Gusti Allah Swt. Masalahnipun mboten saged lepas sekang keluarga niki. Sesampune Bagas dipecat daning pihak rumah sakit, saiki ramane kang kang dipecat secara mboten terhormat lan supados dipenjara amargi ramane Bagas terlibat teng kasus korupsi. Umah lan barang-barang kang wonten ing umah iku disita daning petugas KPK. Mung sandangan kang lagi dienggo kang dadi harta terakhir. Selanjute Bagas, Sekar lan Ibunenipun Bagas tindak menyang griyanenipun Sekar kangge nginep sawentara wektu.
Ing satunggaling dinten, Sari wangsuk menyang dalem. Sakeluarga padha kaget amargi Sari wangsul menyang dalem kangge kerudung lan sopan Banget tutur katanipun. Pranyatane Sari wangsul kalih wong lanang kang bagus lan alim banget. Selanjute, Sari nyuwun pangampunten menyang ramane, ibune, Sekar, lan Bagas. Sakeluarga ngampurani Sari lan nakokna sapa wong lanang niku . Terus, Sari ngomongake yen wong lanang niku calon bojone. Pranyatane calon bojone Sari niku makarya dados ustad teng salah satunggaling pesantren ing wilayahe. Sari lan calon bojone utawi Bayu jenengane nyuwun restu marang sakeluarga yen dhweweke arep nikah. Sakeluarga padha setuju lan siap rawuh menyang acara pernikahane. Ing Dinten Minggu, acara pernikahane dimulaikake nikahan niku banjur lancar. Sesampunipun Bagas lan Sekar bingung mikirna masa depane. Sekar nduweni ide supados ngrembugi Bayu lan Sari kangge gawe kolam pemancingan lan restoran neng wilayah iku. Bagas setuju lan siap-siap menyang griyanipun Sari. Sesampunipun rawuh teng dalemnipun Sari, Sekar lan Bagas banjur ngomongake tujuwanipun tindak mriki. Sesampunipun ngertos, Sari lan Bayu setuju kangge gawe kolam pemancingan lan restoran.
Sabanjure sawentara dinten, kolam pemancingan lan restoran dados rame banget. Akeh wong padha mancing lan dhahar teng restoran niku. Akhirenipun keluarganipun Sekar lan Sari dados keluarga kang bagya.