Ing jaman biyen, ing desa kang adoh
banget saka suasana kutha, urip seperangan garwa bojo sing miskin banget.
Piyambakenipun nduweni anak perawan loro kang ayu banget. Anake dijenengi Sekar
Tini utawa kang biasa di celuk Sekarlan Murti Sari utawa kang biasa diceluk
Sari. Ramanipun Sekar lan Sari utawa Pak Mismo jenengane makarya dados buruh
ing salah salah satunggalingpun perusahaan cilik-cilikan ing wilayah umahe.
Sawentara Ibune utawa kang biasa diceluk Mbok Muni mung makarya dados pedagang
tape keliling desa. Penghasilanipun keluarga niki adoh banget sekang tembung
cukup utawa mung bisa go kebutuhan mangan thok. Ditambah maning ramanenipun
sering gerah, amarga kekeselan makarya teng perusahaan niku. Dados ramanenipun
saiki jarang banget makarya teng panggonan kang biasa dienggo kangge makarya
niku.
Sekar lan Sari nduweni watak kang beda
banget lan bertolak banget. Sekar niku gadis utawa prawan kang sederhana kang
nduweni watak kang sopan, santun, tekun, sregep, jujur lan apik utawi becik manahe.
Sebalikenipun Sari nduweni watak malesan, sombong, utawi mamer, seneng mewahan,
tamak, lan dengkian. Kabeh pekerjaan umah dikerjakna Sekar piyambak. Sekang
nyuci utawi ngumbahi, masak, goleti budin, bersih-bersih umah, gawe tepe, lan
dodol tape. Sawentara Sari mung dandan lan males-malesan neng kamar utawi teng
umah. Yen Sari mbutuhna keperluan, dheweke mung prentahi Sekar. Nanging Sekar
mboten ngeluh utawi nesu marang sedulur wadone niku.
Ing salah satunggaling dinten, nalika
Sekar lan mbokenipun saweg ngedolake tape. Sekar lan mboke dumadakan padha
ketemu pak bupati lan putranipun teng tengah dalan. Prayatane pak bupati niku
saweg golet gadis utawi perawan kang bakal dados garwanipun putrane. Putranipun
Pak Bupati jenenge Bagas. Nalika ing wayah niku, dumadakan nimbul raos tresna
antarane Sekar lan Bagas. Prayatane pak bupatinipun ngertosi yen Bagas nyenengi
Sekar lan Sekar uga nyenengi Bagas. Pak Bupati banjur nyuwun Mboke Sekar kangge
ngantarake piyambake lan putrane teng umahe Sekar. Mboten nunggu ingkang suwe,
Mboke Sekar ngantarake pak bupati lan putrane menyang griyane piyambak.
Sesampune butul ngumah, pak bupati banjur ngomong tujuwanenipun rawuh mriki
amarga badhe nyuwun Sekar dados garwane Bagas. Nanging Mboke Sekar nglimpahake
kabehan keputusan menyang Sekar. Sekar nyuwun marang Bagas wektu kangge njawab
pitakon niku. Akhire Pak Bupati lan Bagas setuju lan badhe tindak mriki malih minggu
ngenjang. Sesampune niku pak bupati lan
Bagas banjur wangsul menyang kabupaten. Sesampunipun padha wangsul, Sari
mboten sengaja ngrunguake omongane pak bupati lan Sari. Manahipun Sari remuk
ngrungokake sedulurenipun badhe nikah. Sari banjur lunga adoh banget saka umah lan mboten ngertos teng pundi piyambaknipun.
Sekar lan Mboke njajal goleti Sari kabehing desa, nanging mboten ketemu uga.
Banjur Sekar lan mbokenipun nyusul ramane kang saweg makarya teng panggonane.
Dumadakan asma ramanipun kambuh, lan banjur digawa bali menyang umah.
Sesampunipun mendingan ramanipun nyuwun penjelasane, apa sebabe Sari lunga sekang
umah. Mbokenipun banjur nyeritakake sebabe Sari lunga. Sesampunipun ngertosi
sebabe Sari lunga, ramanipun banjur ngrencanakake golet Sari. Ramanepun ugah
nyerahake kabehan keputusan marang Sekar. Ing wayah esuk, ramanipun goleti Sari
ing seluruhipun wilayah kecamatan. Nanging, Sari mboten ketemu uga.
Sebanjure
sawentara dinten, pak bupati lan Bagas balik malih menyang griyanipun Sekar
kanggo nakokake keputusane Sekar. Lan pranyatane Sekar setuju yen piyambake
dados garwane Bagas. Lan Sari uga mutusake pernikahane dilaksanakake minggu
ngarep. Setunggalipun minggu terlewatake, dinten kang dianti-anti akhire mulih
uga. Pernikahanipun banjur dilaksanakake teng KUA kabupaten lan acara
sungkemane dilaksanakake teng griyane pak bupati kang dihadirake
pejabat-pejabat kabupaten. Ing dinten niku Sekar resmi dados garwanipun Bagas.
Sesampunipun
nikah, Sekar lan Bagas urip kalih tiyang sepuhnipun Bagas teng griyanipun Bagas
keuarga. Bagas lan Sekar urip kalih rayinipun Bagas uga. Rayinipun Bagas
jenenge Bagus. Bagas niku makarya dados dokter. Bagas makarya dados spesialis
saraf teng rumah sakit ing kabupaten kasebut. Sawentara Bagus durung makarya,
amarga Bagus esih dados pelajar teng SMA negeri. Pranyatane Bagus mboten
nyenengi keberadaanipun Sekar teng umahe. Amargi Sekar saking keluarga kurang
mampu utawi miskin lan mungkin saged nurunake martabat keluwargane. Ing salah
satunggaling dinten, nalika Sekar saweg masak sarapan. Bagus mereki Sekar lan
ngomongake yen dheweke ora nyenengi keberadaanipun ing umah iki. Sekar ngrasa
kaget lan bingung apa kang nyebabake Bagus ora nyenengi Sekar. Sekar njajal mbuang
perasaan kasebut, lan badhe ngrubah utawi memperbaiki wateke supados lewih
becik. Sekar niatkake gawe sarapan kang enak kangge Bagus supados Bagus saged
nglalenake ke ora senengane Sekar. Wayah sarapan sampun siap, kabehan
masakanipun sampun wonten teng ruang maem. Nalika padha saweg masakanipun,
Bagus dumadakan muntahake panganan kang digawe Sekar amargi masakan niku rasane
asin banget. Dumadakan Bagus banjur lunga meng sekolahane tanpi ntelasake
maeme. Sekar ngrasakake kathah salah menyang Bagus nalika paristiwa kasebut.
Ing wayah sesuk, Bagus nuduh Sekar
njukut jam tangane Bagus kang larang
banget regane. Nanging Bagus nuduhe tanpi bukti kang bener-bener jelas.
Sekar nyoba njelaskake yen dheweke ora njukut jam tangane kasebut. Nanging
Bagus tetep nuduh Sekar sing njukut jam tangane. Kebrisikan utawa keributanipun
ing wayah sesuk iki tanpi disengaja dikrungukake Bagas. Sesampunenipun Bagas
nakokna Sekar lan Bagus apa kang lagi diributake. Selanjute Bagus nyritakake
penyebab kaributan niku, sesampune ngerteni masalahe, Bagas nyuwun marang Bagus
supaya ora nuduh Sekar kang njukut jam tangane tanpi bukti kang jelas.
Pranyatane jam tangane Bagus ketinggalan neng mobil. Selanjute, Bagus banjur
mangkat sekolah tanpa ngrasa bersalah
marang Sekar lan mboten nyuwun panganpura marang Sekar. Sekar njajal sabar
lan terus sabar marang kelakuane Bagus. Masalah ana maning, yaiku arta teng
rekeninge Bagas entong amarga dienggo daning Bagus kanggo tumbasi barang kang
durung dibutuhna. Bagas banjur nesu marang Bagus lan mrentahake Bagus supaya
ngaji neng pesantren, supaya Baguse dadi wong sing lewih apik kang bener. Ing
dinten selanjute, masalahe ana maning. Masalah siki iku lewih gedhe sekang
masalah wau. Pranyatane Bagas dipecat daning rumah sakit amarga mal praktek.
Bagas kelangan dhuwit lan kerjaan mung kurang sekang sedina . sekar
nyobanyabarake Bagas lan mrentahkake Bagas supaya nyerahna kabehan masalah
menyang Gusti Allah Swt. Masalahnipun mboten saged lepas sekang keluarga niki.
Sesampune Bagas dipecat daning pihak rumah sakit, saiki ramane kang kang
dipecat secara mboten terhormat lan supados dipenjara amargi ramane Bagas
terlibat teng kasus korupsi. Umah lan barang-barang kang wonten ing umah iku
disita daning petugas KPK. Mung sandangan kang lagi dienggo kang dadi harta
terakhir. Selanjute Bagas, Sekar lan Ibunenipun Bagas tindak menyang
griyanenipun Sekar kangge nginep sawentara wektu.
Ing satunggaling dinten, Sari wangsuk
menyang dalem. Sakeluarga padha kaget amargi Sari wangsul menyang dalem kangge
kerudung lan sopan Banget tutur katanipun. Pranyatane Sari wangsul kalih wong
lanang kang bagus lan alim banget. Selanjute, Sari nyuwun pangampunten menyang
ramane, ibune, Sekar, lan Bagas. Sakeluarga ngampurani Sari lan nakokna sapa
wong lanang niku . Terus, Sari ngomongake yen wong lanang niku calon bojone. Pranyatane
calon bojone Sari niku makarya dados ustad teng salah satunggaling pesantren
ing wilayahe. Sari lan calon bojone utawi Bayu jenengane nyuwun restu marang
sakeluarga yen dhweweke arep nikah. Sakeluarga padha setuju lan siap rawuh menyang
acara pernikahane. Ing Dinten Minggu, acara pernikahane dimulaikake nikahan
niku banjur lancar. Sesampunipun Bagas lan Sekar bingung mikirna masa depane.
Sekar nduweni ide supados ngrembugi Bayu lan Sari kangge gawe kolam pemancingan
lan restoran neng wilayah iku. Bagas setuju lan siap-siap menyang griyanipun
Sari. Sesampunipun rawuh teng dalemnipun Sari, Sekar lan Bagas banjur
ngomongake tujuwanipun tindak mriki. Sesampunipun ngertos, Sari lan Bayu setuju
kangge gawe kolam pemancingan lan restoran.
Sabanjure
sawentara dinten, kolam pemancingan lan restoran dados rame banget. Akeh wong
padha mancing lan dhahar teng restoran niku. Akhirenipun keluarganipun Sekar
lan Sari dados keluarga kang bagya.